Nguri-Nguri Kebudayaan Jawi
Para mudha saiki ora
nggateake kabudayaan jawi, para mudha malah dha seneng dening
kabudayaan modern, kayata : Lagu pop, rock, dangdut, lan sapaunggalipun.Kabeh
kabudayaan mau akrab karo madha-mudhi jaman saiki, kabudayaan jawi sing
kudune akrab karo para mudha saiki malah kroso adoh amrga oratau di
uri-uri.
Tuladhane kabudayaan jawi
kayata : kethoprak, geguritan, macapat, campur sari, gamelan lan
sapanunggalipun.Kalebet kabudayaan kang edi peni, kethoprak inggih
punika kabudayaan jawi ingkang nyeriosaken kauripan jaman kerajaan
sandiwara wonten ing jaman sapunika ingkang kasebat drama. Geguritan
inggih punika puisi jawi. Tembang macapat inggih punika tembang kang
macane papat-papat cacahe wonten 11.
Akeh wong manca negara kang sinau budaya jawa ingkang edi peni. Deweke ngangsukawruh marang pakar-pakar kabudayan jawi.Malah malah anggone sinau katon temenan banget, deweke deweke ngangsu kawruh kanti tenanan.
Kabudayaan jawi kudu
dilestareake, sapa meneh sing arep nglestareake yen ora awake dewe iki,
yen dinengke wae, ojo kaget menawa kabudayaan jawi punika badhe ical,
amargi kalah kaleh kabudayaan modern. mila niku kita tiyang jawi kedah
sregep nyinauni lan nglestareake kabudayaan lan kejawenan kita.
ini termasuk kategori apa?
BalasHapusIni termasuk kategori persuasi cara melestarikan budaya jawa??
BalasHapus